Contoh Parikan Pantun Bahasa Jawa


PARIKANBASA JAWA

Kang diarani parikan inggih punika
Unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :
kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
saben saukara kadadean saka rong gatra
ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.


Conto utawa Tuladhane :
Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Sapa sing bisa gawe parikan, mesti gawe gayeng lan gawe guyu.

Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

Conto utawa Tuladhane :
Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda )
Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4 wanda )
Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

Conto utawa Tuladhane :
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)

- Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.
Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå

- Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.
Najan ora mampír, nangíng liwat.

- Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu.
Dadi murid, sing srêgêp sinau.

- Wajik klêthik gulå abang.
Aja suthík, yèn tumandang

- Wédang bubuk, gulå jåwå.
Yèn kêpêthúk ati legå.

- Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.
Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.


Cara nengarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

Conto utawa Tuladhane :

Tak ukiri tak ukiri,
wak encik dodolan jamu,
Tak pikiri tak pikiri,
Ala becik sakarepmu.

Terindex:

·        Pantun Jawa
·         Parikan ing jawa
·         Jawa Parikan
·         Tuladha Pantun
       Contoh Parikan Pantun Bahasa Jawa

Komentar

Postingan populer dari blog ini

APA ITU AGROTEKNOLOGI?

Cara Ampuh Menyadap Android Tanpa Root

Cara Menghilangkan Redirect Pada Template