Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2012

Contoh Parikan Pantun Bahasa Jawa

Gambar
PARIKANBASA JAWA Kang diarani parikan inggih punika Unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku : kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara saben saukara kadadean saka rong gatra ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho. Conto utawa Tuladhane : Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho). Sapa sing bisa gawe parikan, mesti gawe gayeng lan gawe guyu. Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2 Conto utawa Tuladhane : Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda ) Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wan